Babad Lesmana
Desa Lesmana iku desa ingkang
panggenane ing wilayah kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas. Ing jaman ganu
Desa Lesmana dijenengi Desa Kelapa Dompyok amargi ing desa kuwi akeh banget wit
kelapa.
Nanging Kepriwe jeneng Desa Kelapa
Dompyok diganti jenenge dadi Desa Lesmana? Kaya kiye ceritane.
Jaman ganu kerajaan Mataram
diprentah dening Sunan Amangkurat I. Sunan Amangkurat I duwe putra jenenge
Pangeran Tejaningrat utawa Adipati Anom.
Sunan seneng banget amargi duwe
putra lanang kang gagah lan pinter. Kanggo jaga awak Adipati Anom dikengken
dening Adipati Amungkurat kon latian ilmu silat kaliyan kasektian. Sunan seneng
banget ndeleng perkembangane Adipati Anom. Nanging Sunan Amangkurat I sedih amargi
Adipati Anom urung duwe garwa. Banjur Sunan Amangkurat I ngengken Adipati Anom
supados nggolet garwa.
Kanggo nyenengake panggalihe Sunan,
Adipati Anom lunga saking istana kanggo nggolet garwa. Amargi Raden Anom lunga
urung olih garwa, Raden Anom mutusna kanggo bali.
Nalika lagi bali, Adipati Anom
singgah ing Kepatihan, daleme mbah kakungipun. Kebeneran, neng kono ana putri
Madiun ingkang lagi sinau tata krama, jenenge Larah Huyi.
Ing sawijining dina Adipati Anom
ketemu kaliyan Putri Larah Huyi. Amarga Putri Larah Huyi iku ayu rupane,
Adipati Anom banjur seneng marang Putri Larah Huyi lan nyritakna isi atine
marang Mbah kakungipun.
Nanging jebulane Putri Larah Huyi
iku calon selire Sunan Amangkurat I. Amarga Sunan Amangkurat I wis duwe selir
akeh, dados Mbah Kakung ngaweh ijin ndadikna Putri Larah Huyi dadi garwane
Adipti Anom.
Sawise Mbah Kakung ngenalaken Putri
Lrah Huyi marang Adpati Anom. Mbah Kakung banjur aweh ngerti marang Sunan
Amangkurat I. Sawise Sunan Amangkurat I ngerti, Sunan kesuh banjur ngongkon
utusane kon nyeluk Adipati Anom
Adipati Anom bali ngadep romone lan
ngomong yen Adpati Anom wis duwe calon garwa. Nalika kuwe, Adipati Anom ora
ngerti yen Sunan Amangkurat I lagi kesuh. Sunan Amangkurat I ingkang lagi kesuh
mrentah Adipati Anom kon nyedani Putri Larah Huyi. Amarga Adipati Anom manut
banget karo omongane Sunan Amangkurat I, Raden Anom banjur nyedani Putri Larah
Hayu.
Sunan Amangkurat kang ngerti yen
Adipati Anom temenan nyedani Putri Larah Huyi banjur kesuh banget lan langsung
ngurak Adipati Anom sekang istana. Adipati kang lunga sekang Mataram ora ngerti
tujuan, neng dalan ketemu karo wong Madura sing jenenge Trunajaya.
Sawise Adiapati Anom karo Trunajaya
akrab, Adipati Anom banjur mbujuk Trunajaya kon nyerang Mataram. Trunajaya kang
dibujuk gelem melu kekarepane Adipati Anom.
Adipati Anom lan Trunajaya nyusun
rencana perang. Sawise rencana kuwe mantep, Adipati Anom lan Trunajaya banjur
nyerng Mataram.. Gara – gara serangan dadakan mau, Mataram kocar – kacir.
Kanggo keslametan awake dhewek lan
rakyate, Sunan Amangkurat I kaliyan rakyate sing esih urip lunga sekang
Mataram.
Neng dalan, sunan Amnangkurat I
ketemu karo Adipati Anom. Sunan Amangkurat I kepengin yen Raden Anom bali
marang Mataram, Amarga Mataram diserang dening pasukan Tunajaya. Sederunge,
Sunan Amangkurat I ora ngerti yen perang mau kekarepane Adipati Anom. Adipati
Anom kang teguh karo pendiriane, ora gelem bali marang Mataram.
Sunan Amangkurat I, Adipati Anom
kaliyan pengikute lunga sekang Mataram lan mlaku marang arah kulon nganti butul
wilayah Ajibarang. Neng daerah kuwe Sunan Amangkurat I kepengin ngunjuk tapi
langka banyu. Banjur Sunan Amngkurat I menclas wit wringin. Sekang wit kuwe
metu banyu, banjur banyu kuwe diunjuk dening Sunan Amangkurat I. Sunan Amangkurat
I banjur aweh jeneng desa kuwe Pancasan.
Sunan Amangkurat I kaliyan pengikute
mlaku ngliwati alas marang arah wetan. Neng pinggir alas, Sunan Amangkurat I
keemu putri – putri lagi adus neng pancuran. Salah siji putri kuwe jenenge
Endang. Banjur Sunan Amangkurat I jeneng desa iku Pancurendang. Asalae saka tembung pancuran lan Endang.
Sunan Amangkurat I ngelanjutna
perjalanane ngasi butul desa Kelapa Dompyok. Ing desa kuwe, Sunan kepengin
ngunjuk. Adipati Anom kang ngerti yen romone kepengin ngunjuk, banjur nggolet
kelapa nom. Sedurunge kelapa kuwe di wenehna Sunan Amngkurat I, Adipati Anom
wis nyampuri banyu kelapa kuwe karo racun.Sawise Sunan Amangkura I ngunjuk banu
kuwe, salirane Sunan Amangkurat I dadi lesu lan akhire seda. Akhire desa Kelapa
Dompyok diganti jenenge dadi desa LESMANA.

0 komentar:
Posting Komentar